Thursday, July 4, 2013

WIT KATES

Wit Kates
            Kates punika wit ingkang kathah ditanem wontendaerah tropis kados Indonesia. Kates kathah dipuntanem amargi nggadhahi woh ingkang dipunremeni kaliyan tiyang kathah. Kates uga nggadhahi nama ingkang kathah, daerah setunggal saged benten kaliyan daerah sanesipun. Wonten daerah Cilacap dipunnamani “gandhul”, wonten Sundha naminipun “gedhang”, lan menawi dipunsebat wonten basa Indonesia yaiku “pepaya”.
Taneman kates dhuwuripun saged dugi 10 meter. Wit kates saged gesang wonten daerah tropis amargi gampil cara nanemipun lan mboten mbutuhaken toya ingkang kathah. Kates bakal gesang kanthi lema wonten mangsa rendeng. Menawi wonten mangsa ketiga, kates kedah dipunsirami. Taneman kates nggadhahi rupa kados taneman palem. Rupa sekaripun pethak, menawi mateng dagingipun rupa kuning utawi abrit. Woh kates menawi dipunsigar, nggadhahi wangu ingkang simetris utawi sami antawis kiwa lan tengenipun. Ronipun ugi memper kaliyan tangan manungsa.
Wadagipun woh kates bunder ngantos lonjong kanthi pucukipun lancip. Rupanipun woh nalika nem yaiku ijo peteng, lan saksampunipun mateng dados abrit utawa kuning. Wadag wohipun bunder menawi asalipun saking taneman wadon lan lonjong menawi saking taneman kates “banci”. Taneman kates “banci” langkung dipunremeni wonten budidaya amargi saged ngasilaken woh ingkang langkung kathah lan langkung ageng. Wonten madya woh kates wonten isi-isinipun ingkang dipunnamani trempos. Rupanipun trempos sapunika yaiku cemeng utawi radi cemeng lan kebungkus dening lendir supados mboten garing. Wonten budidaya, trempos dipendhet lan dipuntanem malih.
Woh kates didhahar dagingipun, nalika taksih nem utawi sampun mateng. Kates ingkang nem dimasak kangge janganan. Dene kates ingkang mateng didhahar langsung utawi kangge campuran “es buah”. Ronipun kates yaiku gampleng dimupangataken kangge janganan lan kangge ngempukaken daging. Gampleng ingkang taksih nem saged digodhog lan didhahar kangge lalapan utawi dipundadosaken bungkus “buntil”. Dening tiyang Manado, sekar kates utawi paes dipunurap dados jangan ingkang saged dipundhahar. Tlutoh kates wonten wit, ron, lan wohipun kates ugi saged ngempukaken daging.
Taneman kates maneka rupa amargi pamupangatanipun benten gumantung saking pepenginanipun konsumen. Umpaminipun kates bangkok kaliyan kates Solo. Kates bangkok punika asalipun saking Thailand. Wohipun mboten radin lan kulit njawinipun tipis, mila awrat dipunoncek. Kalangkunganipun, dagingipun manis lan kathah ngandhut toya. Ukuran wohipun ugi ageng. Menawi kates Solo, wohipun alit-alit lan diremeni konsumen kilen. Saksanesipun, ugi wonten kates hias ingkang rupa ronipun ungu. Kates punika ditanem amung kangge disawang lan ngendahaken taman.
Miturut jinisipun, kates kaperang dados tiga, yaiku kates lanang, kates wadon, lan kates jangkep. Kates lanang nggadhahi sekar ingkang alit-alit mboten saged dados woh lan pangipun dawa. Kates wadon nggadhahi sekar kathah, pangipun cendhak lan sekaripun wonten ingkang ageng pratandha menawi sekar puniku saged dados woh menawi angsal serbuk sari saking kates lanang. Menawi kates jangkep nggadhahi sekar ingkang jangkep lanang lan wadon saengga saged ndamel woh piyambak. 
Kates ingkang wonten Indonesia wonten kalih  jinis, yaiku kates semangka lan kates manuk. Kates semangka nggadhahi daging rupa abrit kados rupa semangka, raosipun manis. Menawi kates manuk nggadhahi daging rupa kuning, gandhanipun seger lan raosipun kecut campur manis.

Kates klebet jinising woh-wohan ingkang kathah mupangatipun. Wiwit saking oyotipun ngantos ronipun nggadhahi mupangat kangge manungsa lan kewan. Taneman kates saged dimupangataken kangge tedhan, unjukan, jampi, lan pakan ternak. Taneman kates ugi saged kangge ngusadani gerah, kados jerawat, rematik, gegelen, radang ginjal, gerah padharan, pilek, anemia, lan masuk angin. 

No comments:

Post a Comment