Serat Wulangreh anggitan ISKS
Paku Buwono IV
(Pupuh I Dhandhanggula Pada 7 lan 8)
(Pupuh I Dhandhanggula Pada 7 lan 8)
07
Angel
temen ing jaman puniki, ingkang pantes kena ginuronan, akeh wong jaya, ngelmune,
lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak,
den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki,
pancene prijangga.
08
Ingkang
lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe,
kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang pada ngupaya, kudu
angguguru, ing mengko iki ta nora, Kyai Guru narutuk ngupaya murid, dadiya
kantira.
Gancaran
Pada 7
Kanjeng Susuhunan Paku Buwono IV ngandaraken pamanggihipun babagan
kawontenan ing wekdal sakmenika. Nglampahi gesang ing wekdal sakmenika kados
awrat sanget. Para tiyang awrat anggenipun mbentenaken kados pundi tumindak
ingkang saged dipuntuladhani lan kados pundi tumindak ingkang mboten prayogi
menawi dipuntuladhani. Sanadyan kathah tiyang ingkang linangkung ngelmunipun,
nanging sakmenika awis tiyang ingkang taksih nuhoni kewajibanipun marang Gusti.
Menawi wonten tiyang ingkang ageng kawruhipun, tumindak marang kesaenan, lan
remen mbelani tumindak ingkang leres mandar dipuwastani tiyang klentu. Dene
tiyang ingkang namung lelangen utawi seneng-seneng lan mboten gadhah wigatosan
marang tiyang sanesipun mandar dipuntuladhani lan dipunwastani tiyang ingkang leres.
Kanjeng Susuhunan ugi mangertos
sanget kawontenan wekdal sakmenika. Para tiyang awrat pepanggih kaliyan
priyantun ingkang satuhu saged dipundadosaken dwija utawi guru. Saengga,
sakmenika kathah tiyang ingkang sampun keblinger. Kedahipun, tiyang ingkang sae
ing ngelmu utawi kawruh dipundadosaken tuladhan kang becik. Ananging, tiyang
sakmenika asring nglirwakaken padamelan ingkang sae lan dipunanggep tumindak
ingkang sampun leres. Sewalikipun, tiyang ingkang nglirwakaken sarak utawi
pitutur ingkang saestu lan namung saged ngupados pepinginanipun piyambak kathah
dipundadosaken panggladhi. Ananging, punika sedanten gumantung ing sedyanipun
piyambak-piyambak. Saengga, tiyang
satunggal mboten sami kaliyan tiyang sanesipun anggenipun nglampahi gesang
punika. Saben tiyang sampun gadhah kodrat lan watak ingkang benten, saengga tiyang
ingkang tasih nglampahaken kesaenan kedah teteg lan waspada.
Pada
8
Kanjeng Susuhunan Paku Buwono IV kagungan pamanggih menawi ing wekdal
sakmenika sampun limrah guru ingkang ngupados supados angsal sabat utawi murid.
Kawontenan mekaten sampun kewalik lan benten sanget umpami ningali ing wekdal
rumiyin. Rumiyin, murid ingkang kedah pados guru kangge ngangsu kawruh. Mekaten
puniku wau sampun limrah dipuntindakaken dening para tiyang rikala rumiyin. Nanging
mekaten sakmenika mboten dipunturut malih. Kanthi wekdal ingkang sangsaya
majeng lan modern, kyai utawi guru pepara tindhak ngambara ngupadani murid
supados purun tumut kaliyan piyampakipun.
Rikala rumiyin, para
priyantun badhe nggeguru ngupados ngelmu kanthi rekaos saestu. Murid ingkang badhe
ngembara ngupados guru ingkang gathuk kaliyan sedyanipun. Saged dipuntingali,
kathah tuladhanipun tiyang utaminipun guru ingkang ngupados murid. Umpaminipun,
ing margi-margi sakmenika wonten spanduk, baliho, pamplet, lan selebaran ingkang
sumebar. Ing wewengkon pundi kemawon, wonten tiyang ingkang nawakaken sekolah
kanthi ngunggulaken kalangkunganipun. Dadosipun, wekdal sakmenika kathah murid
ingkang mboten satuhu marang pasinaonipun amargi sedyanipun kang utami mboten
bedhe ngupados kawruh nanging amung remen kaliyan pamilutaning tiyang kathah.
Amargi mekaten ugi, para murid ing wekdal samenika kirang ngurmati lan ngaosi
marang gurunipun amargi mboten mangertosi sejatosipun tiyang ingkang ngangsu
kawruh. Mekaten ugi, ingkang dados guru kedah sabar lan taksih satuhu marang kewajibanipun mucal
kanthi premati.
No comments:
Post a Comment